Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Isra' Mi'raj

Posted by INFO AJIBON on Monday, March 25, 2013


PAMBUKA PENGETAN ISRA’ MI’RAJ


Assalamualaikum Warahmatulahi Wabarakatuh

            Ingkang kula hurmati Bapak Kepala sekolah SMP N 3 SLEMAN, ingkang kula hurmati Bapak Ibu guru saha karyawan karyawati SMP N 3 SLEMAN, lan para kadang siswa ingkang kula tresnani.
            Mangga kita sesarengan monjuk atur wonten ngarsanipun Gusti allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan rahmat saha hidayah, dene kula panjenengan sami saged makempal wonten ing Ruang Ketrampilan mriki saperlu ngawontenaken pangetan isra’ mi’raj
.
            Kula minangka panitia penyelenggara pengetan isra’ mi’raj ing SMP N 3 SLEMAN punika ngaturaken agunging panuwun, ingkang tanpa upami dhumateng para panjenengan sedaya ingkang sampun kersa nglonggaraken wekdal dhangan ing panggalih kersa ngrawuhi pengetan isra’ mi’raj ing mriki.
            Semanten ugi dhumateng para Kadang siswa SMP N 3 SLEMAN ingkang sampun kersa paring pambiyantu bot-repoting pahargyan pengeta isra’ mi’raj punika. Sedaya kalawau mboten saged kula wales ngangge punapa punapa, hanamung nyenyuwun wonten ngarsanipun Allah SWT, supados sedaya wau dados amal kesaenan penjenengan sedaya tuwin pikantuka pahala saking Allah SWT ingkang Samrowatipun.
            Amin yaa Rabbal ‘Alamiin.
            Kaum muslimin lan muslimat ingkang satuhu bagya mulya.
            Wonten siang punika kaleres tanggal 12 Rajab 1434 utawi tanggal 24  wulan Januari tahun 2013 Masehi, kita sesarengan mengeti isra’ mi’raj junjungan kita sedaya , Kanjeng Nabi Agung Muhammad SAW.
            Kaum muslimin lan muslimat ingkang minulya,
            Isra’ mi’raj minangka kedadosan ingkang ageng paedahipun dhumateng manungsa sak ndonya mliginipun dumateng umat Islam.
            Kangge ngayakinaken umat islam bilih kenjeng Nabi Muhammad SAW ngawontenaken isra’ inggih punika tindak ing wanci dalu saking Masjidil Haram dumugi Masjidil Aqsa ing Palestina kanthi titihan Buraq, inggih punika satunggalipun kewan ingkang dipun cawisaken Allah SWT. Sarta sampun ngadani mi’raj, inggih punika minggah dateng langit saking Masjidil Aqsa dhumateng Sidratul Muntaha, inggih punika langit sap pitu.
            Ing Salebeting isra’ lan mi’raj punika kanjeng nabi Muhammad pikantuk Wahyu Sholat sedinten sedalu kaping gangsal. Ing samangkih langkung gamblang lan cethanipun, badhe dipun wedharaken dening Bapak Mubaligh Bapak Jamadi S.Ag.
            Kula kinten atur pambuka pengetan isra’ mi’raj ing siang punika cekap sumanten rumiyin. Mangga sesarengan kangge tetenger bilih pengetan punika dipun wiwiti maos basmalah sesarengan,
            Bismillahhir rahmanir rahiim.
Cekap, matur nuwun
            Tuku Inten ing Malioboro , nyuwun pangapunten sedaya lepat kawula.
Akhirul kalam, billahit taufik wal hidayah,
Wassalamualaikum warahmatulahi wabarakatuh

Blog, Updated at: 9:07 AM

0 comments:

Post a Comment

Blog Ini Di Dukung Oleh Hak Cipta. Powered by Blogger.